Tresna kang kapendem
Wengi kang sepi, jangkrik sing padha nyanyi, kayata ngancani aku kang lagi lara ati. Aku mung lungguh ana ing ngarep omah karo ndelok wulan lan lintang kang kerlap – kerlip. Saya suwe saya peteng lan saya atis. Wulan lan lintang ilang merga di tutupi awan kang mendung .
“ Laras cepet turu ndok wis wengi gelak udan !!! Ibu ngundang aku saka jeromah kang lagi njagongan karo bapak “ Inggih bu !!! .
Banjur aku mlebu omah, lagek mbukak lawang jebul bledek moro lan disusul udan. Aku langsung cepet – cepet mlebu kamar terus turu. Lagek enak – enak ngipi, jago – jago wis padha kluruk. Aku langsung tangi, “ Ras …….!!!” Tok … tok …. tok …. Ibu “nggugah aku” Inggih bu !!” wangsulanku” Ayo cepet tangi, wis esuk !!!” Kongkone Ibu” inggih bu, nembe nata kasur “ karo nyerap – nyerap kasur sing bar tak turoni. Sakbare iku, aku terus adus lan sarapan. “ Pak mangkeh kula bareng aja mbok tinggal kaya ndek wingi” aku ngerayu bapak “ Iya … iya .. sarapan dhisik” wangsulane bapak karo nyendok sega sing ana ning piring.
Aku lan bapak banjur mangkat, gawa motor Jupiter rupane abang. Aku mangkat sekolah lan bapak mangkat kerja. Orak suwe wis tekan ngarep sekolahku “ Bapak Laras sekolah riyen !!” sungkeman karo bapak “ Iya sinau sing petel !!” karo ngelus – ngelus rambutku. Aku banjur mlaku nuju ring kelasku X – 2
“ Laras ……..!!!” suarane kenceng banget” kaya ana sing ngundang aku ! “ aku bingung namung celingukan luru sumber suara iku “ Hoyyy !!!!” nepuk pundakku” eh hoy …hoy …hoy…! “ aku kaget banget “ Rini ….!!!! Ngaget – ngageti wong wae” sentakku Rini. Rini iku kancaku paling akrab, wonge apik, setia kawan lan pinter, aku kereb bangat cerita – cerita masalah pribadiku marang Rini pada wae sebalike. “ I’ M Sorry !!!!. “ Karo ngangkat tangane.
Aku lan Rini banjur mlebu kelas, ning kelas aku kepetok wong lanang sing gawe atiku deg – degser, nanging aku rak iso terus – terusan seneng karo cah lanang iku, soale Rini padha wae seneng. Aku rak mungkin saingan marang kancakuk dhewe, dadi aku ngalah wae.
“ Rini …. Sapa iku !!!! “ gadaku marang Rini” iih apa tah ras ….!!! “ Rini isin.
Orak suwe bel masuk muni “ tet …tet …tet”. Aku lan Rini cepet – cepet lungguh sakdurunge Bu Rida teka ning kelas. Soale Bu Rida iku guru paling galak sing ngajar ning kelasku, mulang fisika sisan. Orak suwe Bu Rida wis teka marang kelasku. Ketua kelas nyiapake lan donga.
“ Cah – cah saiki ibu arep bagi kelompok. Kanggo nilai tugas, dirungokno !!!!!
Bu rida macakno kelompok, saben kelompok ana wong loro, kayata kesamber petir atiku, bareng bu Rida nyebutno yen aku sekelompok karo Toni. Orak krasa, jam sekolah wis lebar lan wayahe cah – cah padha muleh. Lagek telong langkah aku mlaku saka kelas . ras ……. !!! ana sing ngundang aku,bareng aku noleh memburi. Aku kaget banget, awakku ndredek lan jantungku nyut – nyuttan. Aku rak nyangka yen sing ngundang aku iku Toni, merga wis 6 sasi aku sekelas karo ndheweke lagi iki ndhee nyauri aku.
“ e …. Eh an …. Ana apa ? “ aku gugup banget “ piye ….? Kuwe kan sekelompok karo aku ?” takone Toni karo ngguyu marang aku. Aku mung meneng lan ora sadar yen Toni lagi ngomong, nganti. “ Heyyy !!! “ Rini nyadarno aku saka lamunanku “ He …. H !!! aku isih linglung “ yah … elah Ras !!! “
“Ana apa tah Rin ? “ takonku bingung
“ Iku lho kuwe di takone Toni bisikke Rini ning kupingku “ ooh … kelompok emh … yo … aku nduwe bukane kesok tak gwakno engko pelajarana yo … !!! “ ngomongku nritik.
Sak minggu wis di lewati. Tugasku yo wis rampunng. Kelompokku karo toni, dadi kelompok paling apik. Sakbarenge ngerjakna tugas, aku lan Toni dadi akrab banget lan tresnaku marang dhewekke saya suwe malah saya gedhe. Nanging sithik aku sadar yen Rini padha wae seneng Toni. Aku dadi eleng yen Rini njaluk tulung marang aku supaya bisa akrab karo Toni.
Wektu muleh sekolah, Rini meksa banget pengen kenal akrab karo Toni “ Ras ayo … tah aku kenalna karo Toni “ rayune Rini marang aku” iya … iya sabar !!! sebenere ning atiku sebel, kaya orak rela eyen Rini bisa akrab karo Toni, nanging aku gage – gage sadar yen iku orak oleh. Banjur aku ngundang Toni .
“ Ton …. !!!
“ hey … ana apa ? “ wangsule Toni
“ ehm iki kancaku njalok kenal karo kuwe” aku ngenalno Rini marang Toni
“ Rini” ndawakno tangane marang Toni
“ Toni” ( salaman )
“ ehm bukane kene sekelas ya ……?
Toni gumun
“ Iya .. sih nanging kan kuwe orak tahu ngomong karo aku !! “ jelase Rini karo isan – isin
“ oh … maaf ya lek aku tahu cuek karo kuwe
“ oh … gak apa – apa kok !!
Pipine Rini sing awite putih ngaleh abang
“ ehm … aku muleh sek ya Rini ….
“ da …. !!!”. aku pancen njarak ninggal Rini lan Toni kuwi akrab banget lan ya supaya Rini bisa luwih akrablah karo Toni.
“ Aku dadi bingung marang awakku dhewe, aku serik yen Toni lan Rini akrab nanging aku malah gawe Toni lan Rini luwih akrab uah …. Kesel aku “ gumunkuk ning ati
Sakwise iku Rini lan Toni deket banget, lan aku dadi adoh saka Toni. Wengi iki aku nderok ning ngarep omah, karo ngelamun, aku eling yen wektu aku karo Toni garap tugas, ujug – ujug aku eleng karo Rini. Aku bingung banget, yen pamane tresna iki tak pendem, bisa gawe atiku lara, tanpa sadar banyu padha netes saka mripatku, aku gak iso nahan rasa lara ning atiku. Kayata keiris- iris peso, di jojohi dom lan kaya kerupuk di remes – remes.
Ujug –ujug ana motor mio abang mandeg ana ing ngarep omah, aku gage – gage ngusap banyu sing ana ning pipiku. Jebule iku Rini, sakbare jagangno motor ndheweke mlayu nusul aku, kayake ndhee girang banget
“ Laras ………!!!!!!” karo nyekeli pundakku lan gawe penasarane aku “ apa …???” aku penasaran banget “ Laras … aku dadi pacaran karo Toni” Rini seneng banget nganti suarane dirungokno keluargaku kang lagi nonton TV. “ oh …. Selamet ya !!! aku ora iso ngomong apa – apa, ning atiku isih sesek, lan cangkemku kaya di kunci, aku ora iso nahan banyu kang ape mili saka mripatku, banjur aku “ Rin … aku pengen BEOL” muleh wae kuwe kesok cerita meneh, da ..!!!” aku mlayu mlebu kamar. Ning kamar aku mung angger nangis – nangis lan nangis , atiku iseh sesek aku orak iso mblitok yen atiku pancen lara banget. Perasaanku campur aduk apa aku seneng utawa serik. Nanging saya suwe aku sadar yen, aku orak oleh egois. Aku orak iso mekso perasaane Toni yen dheweke ampen ora tresna marang aku. Menawi iki aku kaget banget krungu kabar saka Rini, aku dadi orak iso ngontrol amosiku.
Saya suwe saya wengi, awakku wis krasa pegel lan mripatku orak kuat meneh. Dadi aku gletakno awakku ana ing kasur kang wis ngenteni aku.
Matahari wis ngetokno srengenge, kayak biasane esok – esok wayahe aku resik – resik omah merga iki dina minggu. Sakbare resik – resik aku nyante ana ing ngarep omah karo ndelok motor kang sliwar – sliwer ing dalan. Aku kaget ana Toni lan Rini menyang omah, aku ngeti saka kadohan, wektu Toni lan Rini nuju nusul aku, kayake seneng banget, lan tanane Rini orak petil saka gandhengane Toni. Ngeti iku aku pancen orak kuat, nanging aku sadar yen Toni pancen tresna marang Rini. Aku ugo seneng yen kancaku seneng, meski tresnaku marang toni isih kependem nganti jero ning atiku. Aku tetep seneng yen kancaku seneng.
My
Category
- CERPEN (7)
- Pengetahuan (2)
- PERSIJAP (2)
- Tentang Jepara (8)
- Tutorial Bahasa inggris (1)
- Untuk semua (5)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar